Dinten menika, Jemuwah Wage, surya kaping 13 Maret 2026, pegawai Dinas Pariwisata Daerah Istimewa Yogyakarta anglampahi Upacara Ageng Pengetan Hadeging Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang kaping 271 wonten ing Lapangan Mandala Krida, Yogyakarta. Upacara punika dipun lampahi dening sedaya ASN ing lingkungan Pemerintah Daerah DIY minangka wujud pangurmatan dhumateng sejarah, nilai-nilai kabudayan, saha lelampahan dangu hadeging Yogyakarta.

Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengkubuwono X minangka pengageng upacara, paring pangajab supados pengetan Hadeging DIY saget dados pangemut tumrap sedaya ASN lan ugi masyarakat supados tansah ngugemi lan nglestantunaken nilai-nilai kaistimewan Yogyakarta.

Wondene, pengetan punika mendhet tema “Mulat Sarira Jumangkah Jantraning Laku”, ingkang ateges pangajak bilih kita kedah mulat sarira utawi mawas dhiri lan niteni tumindak ingkang sampun katindakaken. Saking pamawas dhiri punika, kita saget jumangkah maju kanthi langkung becik lan wicaksana. Jantraning laku pinangka gambaraning saben tumindak kedah anggadhahi arah, tuntunan, ugi ancas ingkang cetha saengga ndadosaken kesaenan dhateng masyarakat, khususipun masyarakat wonten ing Yogyakarta.


Lumantar upacara pengetan punika, para pegawai Dinas Pariwisata DIY ugi ngukuhaken komitmen kangge terus nyengkuyung pengembangan pariwisata lan nguri-uri kabudayan Yogyakarta minangka perangan saking semangat nglestantunaken warisan lan martabat Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang sampun anggadhahi yuswa 271 punika.

Ayo, Berwisata #DiIndonesiaAja

Selama berbulan-bulan berada di rumah, Sobat Pesona tentu sudah rindu traveling, bukan? Nah, bagi Sobat Pesona yang hendak merencanakan liburan setelah pandemi, tak usah jauh-jauh ke luar negeri untuk merasakan pengalaman berwisata yang menyenangkan. Sebab, berwisata #DiIndonesiaAja juga bisa memberikan pengalaman liburan yang tak kalah mengesankannya dengan berwisata ke luar negeri, lho!